Selasa, 25 November 2014

Lirik (cakepan) Langgam - Tembang Kangen




Tembang  Kangen


Wayah wengi udan grimis ra uwis-uwis
Banyu kang tumetes dadi seksi nggonku nangis
Wong sing  tak tresanani tega ninggalake aku
Suwung jroning uripku yen ora ono sliramu

Sumilire angin tansah dudun kalbu
Roso kang tak ampet agawe loro dadaku
Lewat tembang kangen muga bisa dadi tamba
Tamba kangen iki nandhang wuyung  rina wengi

Liwat tembang kangen aku titip tresna
Opo pancen sliramu uwis ora krasa
Liwat  tembang kangen aku titip  sayang
Tresnaku mring sliramu ora bisa ilang

Opo lali opo pancen wis ora ngerti
Saktenane aku mung tansah setya ngenteni
Ngenteni balimu mendah manise esemu
Lewat tembang kagen iki wujud katresnanku

Lirik (cakepan) langgam - Memanik -




 

MEMANIK

 Mung sliramu kang dadi manik ing kalbu
Pindha retna kang katon malela
Tak weling mugia tansah eling
Senadyan adoh rasaku tansah sumandhing

Rina wengi aku mung tansah ngenteni
Tan pegata nyidham tetesing tresna
Kang satuhu dadi tetaline
Atiku kang tansah anandhang kasmaran

Wong kuningkap mung jroning atiku
Asih mung kang ngrenggani
Dadi usadane aku kacccng nandhang branta
Lilanana jagat mring sliramu
Tansah gandheng renteng kaya mimi mintuna

Tak anti kang ning gisik samudra
                                         Lelumbaning amsara umbaking prasetya
Tandha anteping tresna
Sineksenku wong hanggarit mendhung
Atiku kang wuyung yen tan gambuh anglayuh

http://www.youtube.com/watch?v=jgZo7NrEhp4