Selasa, 25 November 2014

Lirik (cakepan) langgam - Memanik -




 

MEMANIK

 Mung sliramu kang dadi manik ing kalbu
Pindha retna kang katon malela
Tak weling mugia tansah eling
Senadyan adoh rasaku tansah sumandhing

Rina wengi aku mung tansah ngenteni
Tan pegata nyidham tetesing tresna
Kang satuhu dadi tetaline
Atiku kang tansah anandhang kasmaran

Wong kuningkap mung jroning atiku
Asih mung kang ngrenggani
Dadi usadane aku kacccng nandhang branta
Lilanana jagat mring sliramu
Tansah gandheng renteng kaya mimi mintuna

Tak anti kang ning gisik samudra
                                         Lelumbaning amsara umbaking prasetya
Tandha anteping tresna
Sineksenku wong hanggarit mendhung
Atiku kang wuyung yen tan gambuh anglayuh

http://www.youtube.com/watch?v=jgZo7NrEhp4

10 komentar:

  1. ono sing ora bener cakepane mas

    BalasHapus

  2. Mung sliramu kang dadi manik ing kalbu
    Pindha retna kang katon malela
    Tak weling mugia tansah eling
    Senadyan adoh rasaku tansah sumandhing

    Rina wengi aku mung tansah ngenteni
    Tan pegat a nyidham tetesing tresna
    Kang satuhu dadi tetaline
    Atiku kang tansah anandhang kasmaran

    Wong kuning kembang jroning atiku
    Asih mung kang ngrenggani
    Dadi usadane aku kang nandhang branta
    Lilanana caket mring sliramu
    Tansah gandheng renteng kaya mimi mintuna

    Tak anti aneng gisik samudra
    Lelumbaning asmara umbaking prasetya
    Tandha anteping tresna
    Sineksen kuwung hanggarit mendhung
    Atiku kang wuyung yen tan gambuh anglayung

    BalasHapus
  3. Boleh d artikan bahasa indo mas

    BalasHapus
  4. Tembang MEMANIK jian laras pol,,,,

    BalasHapus